home


Survey
Anda tahu Ika Smari Agitma dari:
 
Kegiatan Akan Datang
Tidak ada Kegiatan dalam waktu dekat.
Lihat Kalendar Kegiatan
Home arrow Guyonan arrow Ukumane Tukang Misuh
Ukumane Tukang Misuh
Ditulis oleh Laksono Budi Prasetyo   
Iki onok crito arek nakal sing diukum disumpahi kari gurune sing sekti mondro guno.
 
Alkisah ndhik kampong nJenggrik, onok arek sing nuaakal pol… gak karu2an. Sing paling mangkelno arek mau, sebut ae jenenge Paidi, tukang misuh. Sithik2 misuh, sithik2 misuh, pokoke wis tah gak pokro tenan.
Suatu saat bapake Paidi wis kuwalahen ndidik arek iku mau, terus disekolahno nang madrasah sing Gurune/Kyai-ne terkenal sekti ....masiyo jaman saiki rek... jaman kemajuan sik onok wong sing sekti mondroguno.
 
Singkat crito, Paidi sekolah nang madrasah mau. Tapi gak tambah apik, tapi tambah ndadi tukang misuhe. Sithik2 misuh “DIA***K”, pokeke gak kenekan lah, mangkel sithik arek iku mau misuh-misuh. Nganti salah siji gurune sing paling sekti (Kyai Wakid) mangkel terus ngetokno sumpahe.... jarene Kyai Wakid
 
“Paidi, aku wis gak iso meneh memperingatno, saiki koen tak sumpah, koen misuh “DIA***K” nganti ping telu maneh... langsung disamber bledhek ...seko langit, gosong gak karu2an koen lhe.....”
“ngGih Kyai... kulo mboten badhe misuh2 malih, kulo mpun kapok... ampun Kyai” Ganti dino, sesuke Paidi dolin, ndelok bal2an. Nah, kok gak sengojo, bale mau metu outside kenek raine Paidi… mergo kaget Paidi langsung misuh maneh..
”DIA**K”, wong iki iso maen bal tah nggak, aku dudu pemain kok raiku kenek bal”, ngono jare Paidi.
 
Lha pas Paidi ngomong ngono, jhledheer……, tibake Kyai Wakid wis ndik sebelahe..… “ Sepisan … thole, ojok diulangi maneh yoo, koen mek oleh jatah misuh ping pindho maneh “
“ngGih Kyai... kulo mboten badhe misuh2 malih, kulo mpun kapok... ampun Kyai”, ngono jarene Paidi.
 
Tekan omah pondhokane, koq Paidi rasane kesel, terus keturon nang kursi ndhik teras njaba, sing biasane dadi tempat arek cilik2 dolanan.
Gak sengojo pas Paidi turu, moro2 dheweke ketangen mergo akeh arek cilik2 braokan nganti dheweke kaget tangi. Lha wis, mergo kaget, gak sadar Paidi misuh gak karu2an maneh ”DIA**K”, arek2 iki gak ngerti wong kesel lagek turu…” jhledheer……, tibake Kyai Wakid moro2 metu seko pawon ..…
“Ping pindo … thole, ojok diulangi maneh yoo, koen mek oleh jatah misuh sepisan maneh… nganti aku ruh koen misuh …. Nggak katek ampun langsung jhleder kesamber bledek gosong…koen”
“ngGih Kyai... kulo mboten badhe misuh2 malih, kulo mpun kapok... ampun Kyai”, ngono maneh jarene Paidi.
 
Paidi ngiling2 terus.. nganti pirang2 ndino gak tau misuh. Rupane arek iki wis sadar, Kyaine yoo seneng, ancamane/sumpahe gak perlu kedadeyan.
 
Lha kok ndilalah… pas sore2 dheke mulih seko omahe pak Lurah dikongkon Kyaine....., moro2 grimis ketoke kate udan, terus Paidi mau ngiyup.
Pas ngiyup gak sengojo, onok montor liwat ngarepe, sakjane montor mau mlaku alon2, tapi mergo dalane rodok teles, nganti Paidi kecipratan blethok seko bane montor mau. Lah wis tah, Paidi mangkel ngnti dheweke misuh maneh ... ”DIA**K”, ngono jarene... Paidi misuh maneh gak sadar.
 
"Jhledheer…..dhuaaarrrr ......." onok bledhek seko langit, lha kok moro2 montor mau mandheg, Paidi wis wedi gak karuan, mergo sadar mari misuhi wong sing nyetir montor mau lan kebeneran montor sing liwat mau duweke Kyai Wakid....
 
Lhak wis Paidi marani Kyaine tah, sing karepe ngono karep njaluk ampun.... tibake sing nyetir montor mau koq wis gosong............... bareng didelok, sing gosong mau tibake Kyai Wakid.
Paidi.. mbatin...... “koq dudu aku sing gosong yoooo….……. slameeet…. slameeet….......................”
Moro2 teko langit onok sworo…. “DIA***K mruuucuuutt rek........”
 
 
Salam,
Laksono Budi Prasetyo


Selanjutnya >
 
CMS Setup Maintenance Administration and Visual Design by Inter-Ad World